Senin, 07 November 2011

Teklek.mp3

TEKLEK

Teklek kecemplung kalen
Ketimbang golek aluwung balen dik
Gulo tebu legi rasane
Kulo niki mung manut wae

Sego liwet sambele trasi
Lego banget rasane ati dik
Kembang mawar mekare sore
Kadung dilamar jok suwe-suwe

Nompak dokar ono kusire
Pingine nglamar ra onok modale wuk
Kipas angin mutere alon
Tiwas kepingin durung kelakon

Peyek diremet remet
Anggonmu ngenyek ojo banget banget dik
Wak bayan tangine rino
Wong kebrayan ra mung modal tresno

Awan awan budal nyambut gawe
Prawan rondo gak onok bedane
Rambut dowo rodok kriteng
Dudo joko ra peti penting

Dik aduh dik mbok yo sing sabar sedelo
Limang sasi sabar anggonku ngenteni
Dik aduh dik aku isih golek bondo
Sing tak jaluk sampean jo gawe gelo

Sumpah ku wani mati dik
Tresnoku yo mung kowe
Aku yo mung wedi mas
Engko kecantol liyane

Teklek kecemplung kalen
Ketimbang golek aluwung balen dik
Gulo tebu legi rasane
Kulo niki mung manut wae

Sego liwet sambele trasi
Lego banget rasane ati nduk
Kembang mawar mekare sore
Kadung dilamar jok suwe-suwe

Sumpah ku wani mati dik
Tresnoku yo mung kowe
Limang sasi sabar anggonku ngenteni

Dik aduh dik mbok yo sing sabar sedelo
Sing tak jaluk sampean jo gawe gelo

Sumpah ku wani mati dik
Tresnoku yo mung kowe
Aku yo mung wedi mas
Engko kecantol liyane

Nompak dokar ono kusire
Pingine nglamar ra onok modale wuk
Kipas angin mutere alon
Tiwas kepingin durung kelakon

Ngombe susu yo enak tenan
iki lagu amung guyonan nduk
Yu painten lungo nyang solo
cekap semanten piatur kulo


DOWNLOAD SEKARANG


Tidak ada komentar:

Posting Komentar